KASUSASTRAN JAWA
(DONGENG LAN WERNANE)
Dongeng
yaiku karangan kang ngayawara lan mokal klakone.
Dene
werna-wernane yaiku :
1.
Fable
Fable yaiku dongeng kang paragon kewan kang
adat tata carane kaya manungsa. Tuladhane fable yaiku :
a.
Serat kancil Tanpa Sekar dening Ki Padmasusastra
b.
Dongeng Sato Kewan, dening Dr. Priyana
Winduwinata
c.
Peksi Glathik dening Ki Yasa Widagdo
2.
Legenda
Yaiku dongeng kang ana gegayutane karo
dumadine alam, papan panggonan, lan critane mung kanthi kagathuk-gathukake,
upamane :
a.
Dongeng Rawa Pening
b.
Guwa Parangtritis
c.
Dongeng guwa Kiskendha
d.
Asal –usul gunung Mrapi
3.
Mithe
Yaiku dongeng kapercayan jaman kuna kang
anan gegayutane karo dewa-dewi lan manungsa.Tuladhane :
a.
Dongeng dumadine Grahana rembulan /Srengenge
b.
Dongeng ratu Kidul
c.
Dongeng Nyi ratu Bageln
4.
Sageyaiku dongeng kang wewaton sejarah, nanging
akeh wuwuhane/ tambahane.Tuladhane :
a.
Dongeng rara Jonggrang
b.
Dongeng Candhi Sewu
c.
Dongeng Ken Dhedhes lan Ken Arok
d.
Dongeng Candhi Sewu
5.
Dongeng gegedhug ( Wira carita )
Yaiku dongeng ngandharake para paraga
linuwih ing jaman kuna. Dongengane sok diwuwuh-wuwuhi / ditambah-tambahi.Banjur
sing dadi jejering crita sok gathuk karo babad, nanging wis worsuh, upamane :
a.
Raden Panji Asmarabangun
b.
Siyung Wanara
c.
Kanjeng Panembahan Senapati
d.
Crita Ramayana
e.
Crita Mahabarata
f.
Babad Maespati lsp.
6.
Dongeng Lugu
Yaiku dongeng isi crita kang sarwa aneh lan
ora tunemu ing nalar.Sing dipentingake ing dongeng mau anehing crita .
Tuladhane :
a.
Jaka Kendhil
b.
Timun Emas
c.
Andhe-andhe Lumut
d.
Cindhe Laras lsp.
TULADHA DONGENG
CINDHE LARAS
Dewi Sekartaji , inggih Rr. Galuh utawi Dewi
candra Kirana, putra Kedhiri
, sampun
kalampahan dhaup kaliyan Raden Putra ing Jenggala. Piyambakipun sampun mbobot
kalih wulan, dumadakan murca saking pagulingan , mila damel rentenging
penggalih nata ing Jenggala saha Kedhiri.
Sareng Dewi Kadhalwrediputra ing
Negari Urawan miring pawartos bab punika, lajeng kesah dhateng Jenggala awarni
raseksi, sarta ugi sampun ambobot kalih
wulan. Awit saking pandamelipun utawi trekahipun mengsah, Dewi Kadhal wredi ngaken Dewi Sekartaji, ingkang
nembe kadhustha Bathari Durga, kabekta dhateng Pesetran Gandamayit,
dipunsantuni warni dados raseksi, sarta dipunweca, menawi sageddhaup malih
kaliyan Raden Putra, ing tembe badhe wangsul kados wujudipun Dewi Candrakirana
ingkang sejatosipun.
Murcanipun Dewi Sekartaji
manggen wonten pratapan ing tengah wana. Nalika pambobotipun jangkep wolung
wulan, sang Putri manggih ayam kuthuk dhawah ingkang nembe kagondhol dening
peksi wulung. Kuthuk menika dipunopeni ngantos dados sawung ageng.
Dumugining mangsa kala , Sang
Putri mbabar putra miyos kakung , dipunparingi pusaka asma Panji Kelaras.
Panji Kelaras remen sanget dhateng sawungipun. Sareng sampun umur
wolung tauntaken bapa.Jebul sawung wau
lajeng kluruk kados saged tata jalma, makaten :
“blek-blek kukuruyuk
Jagone Cindhe Laras
Ibune nusup alas
Omahe tengah alas
Bapakne neng Koripan
Sanajan sawung wausaben mangsa
kluruk kados makaten, nanging Panji kelaras mboten nggagas pikajengipun.
Sawungipun menika sae sanget
tarungipun. Olah / damelipun ingkang
mesthi ngadeg utawi ndedeg nanging ugi purun mandhap, mubeng rikat mepet
mengsahipun ngantos angel sinabet. Gitikanipun seru sanget sarta prigel, saking
ngiringan saha saking wingking, ugi saged kemawon. Menawi wonten mengsahipun
ingkang dipunembun , utawi dipunsanggasaking ngajengan , ngadat mesthi babarji.
Mila dereng wonten sawung sanes ingkang saged ngawonaken sawungipun Panji
Kelaras.
Kocap ingkang mindha Sekartaji ing Jenggala , ugi sampunkagungan
putra miyos kakung.Menika saya remen sanget datheng sawung , nanging remenipun
dhateng sawung wau naming dipunaben kangge ngabotohan, ngantos piyambakipun
ngedegaken kalangan aben sawung.Ingkang ndhatengi utawi nglurug botoh-botoh aben sawung saking
pundi-pundi panggenan.
Panji kelarasklampah nglurug
dhateng Jenggala. Wonten ing kalangan aben sawung ing negari Jenggala sawungipun kluruk-kluruk :
“blek-blek kukuruyuk
Jagone Cindhe Laras
Ibune nusup alas
Omahe payon klaras
Bapakne neng Koripan”
Sareng sami miring klurukipun
sawug wau kathah tiyang saha lare-lare sami dhateng angrubung . Sawungipun
Panji Klaras dados gumunan lajeng dipunpurugi putranipun Ratu Jenggala ingkang
sinandhi, dipuntantang aben mawi toh kathah.Panji Klaras nyagahi , nanging rehning boten gadhah toh , pramila
menawi sawungipun kawon , jangganipunkemawon ingkang dipuntigas.
Kalampahan sawungipun sami
tarung , naming saweg sawatawis kabrukan sawungipun ingkang sinandi kenging sinabet , pejah nyekungkung
sarta lajeng dipunkluruki :
“blek-blek kukuruyuk
Jagone Cindhelaras
Ibune nusup alas
Omahe tengah alas
Bapakne neng Koripan”
Miring klurukipun sawung wau
sakala putranipun ingkang sinandi sakalangkung
nepsu , nubruk Panji Kelaras dados kerengan, temahan putra Jenggala
sinandi nemahi tiwas. Panji Kelaras enggal-enggal lumajeng mlebet wana.
Kacarita ing kesatriyan Jenggala
gegeran , Raden Putra sanget duka, lajeng nututi dhateng wana. Ing ngriku pinanggih Panji Kelaras ingkang saweg
lendhotan ingkang ibu. Raden Putra sinareng priksa boten kasamaran malih bilih
menika sejatining Candrakirana, mila lajeng kaboyong kondur dalah putra dhateng
Jenggala. Dene ingkang mindha Dewi Sekartaji nunten lolos nilar nagari
Jenggala.