Selasa, 13 November 2012

DONGENG


KASUSASTRAN JAWA

(DONGENG LAN WERNANE)

Dongeng yaiku karangan kang ngayawara lan mokal klakone.
Dene werna-wernane yaiku :
1.       Fable
Fable yaiku dongeng kang paragon kewan kang adat tata carane kaya manungsa. Tuladhane fable yaiku :
a.       Serat kancil Tanpa Sekar dening Ki Padmasusastra
b.      Dongeng Sato Kewan, dening Dr. Priyana Winduwinata
c.       Peksi Glathik dening Ki Yasa Widagdo

2.       Legenda
Yaiku dongeng kang ana gegayutane karo dumadine alam, papan panggonan, lan critane mung kanthi kagathuk-gathukake, upamane :
a.       Dongeng Rawa Pening
b.      Guwa Parangtritis
c.       Dongeng guwa Kiskendha
d.      Asal –usul gunung Mrapi

3.       Mithe
Yaiku dongeng kapercayan jaman kuna kang anan gegayutane karo dewa-dewi lan manungsa.Tuladhane :
a.       Dongeng dumadine Grahana rembulan /Srengenge
b.      Dongeng ratu Kidul
c.       Dongeng Nyi ratu Bageln

4.       Sageyaiku dongeng kang wewaton sejarah, nanging akeh wuwuhane/ tambahane.Tuladhane :
a.       Dongeng rara Jonggrang
b.      Dongeng Candhi Sewu
c.       Dongeng Ken Dhedhes lan Ken Arok
d.      Dongeng Candhi Sewu

5.       Dongeng gegedhug ( Wira carita )
Yaiku dongeng ngandharake para paraga linuwih ing jaman kuna. Dongengane sok diwuwuh-wuwuhi / ditambah-tambahi.Banjur sing dadi jejering crita sok gathuk karo babad, nanging wis worsuh, upamane :
a.       Raden Panji Asmarabangun
b.      Siyung Wanara
c.       Kanjeng Panembahan Senapati
d.      Crita Ramayana
e.      Crita Mahabarata
f.        Babad Maespati lsp.

6.       Dongeng Lugu
Yaiku dongeng isi crita kang sarwa aneh lan ora tunemu ing nalar.Sing dipentingake ing dongeng mau anehing crita . Tuladhane :
a.       Jaka Kendhil
b.      Timun Emas
c.       Andhe-andhe Lumut
d.      Cindhe Laras lsp.

TULADHA DONGENG

CINDHE LARAS

                Dewi  Sekartaji , inggih Rr. Galuh utawi Dewi candra Kirana, putra Kedhiri
, sampun kalampahan dhaup kaliyan Raden Putra ing Jenggala. Piyambakipun sampun mbobot kalih wulan, dumadakan murca saking pagulingan , mila damel rentenging penggalih nata ing Jenggala saha Kedhiri.
                Sareng Dewi Kadhalwrediputra ing Negari Urawan miring pawartos bab punika, lajeng kesah dhateng Jenggala awarni raseksi, sarta ugi sampun  ambobot kalih wulan. Awit saking pandamelipun utawi trekahipun mengsah, Dewi  Kadhal wredi ngaken Dewi Sekartaji, ingkang nembe kadhustha Bathari Durga, kabekta dhateng Pesetran Gandamayit, dipunsantuni warni dados raseksi, sarta dipunweca, menawi sageddhaup malih kaliyan Raden Putra, ing tembe badhe wangsul kados wujudipun Dewi Candrakirana ingkang sejatosipun.
                Murcanipun Dewi Sekartaji manggen wonten pratapan ing tengah wana. Nalika pambobotipun jangkep wolung wulan, sang Putri manggih ayam kuthuk dhawah ingkang nembe kagondhol dening peksi wulung. Kuthuk menika dipunopeni ngantos dados sawung ageng.
                Dumugining mangsa kala , Sang Putri mbabar putra miyos kakung , dipunparingi pusaka asma Panji Kelaras.
                Panji  Kelaras remen sanget  dhateng sawungipun. Sareng sampun umur wolung  tauntaken bapa.Jebul sawung wau lajeng kluruk kados saged tata jalma, makaten :
                “blek-blek kukuruyuk
                Jagone Cindhe Laras
                Ibune nusup alas
                Omahe tengah alas
                Bapakne neng Koripan
                Sanajan sawung wausaben mangsa kluruk kados makaten, nanging Panji kelaras mboten nggagas pikajengipun.
                Sawungipun menika sae sanget tarungipun.  Olah / damelipun ingkang mesthi ngadeg utawi ndedeg nanging ugi purun mandhap, mubeng rikat mepet mengsahipun ngantos angel sinabet. Gitikanipun seru sanget sarta prigel, saking ngiringan saha saking wingking, ugi saged kemawon. Menawi wonten mengsahipun ingkang dipunembun , utawi dipunsanggasaking ngajengan , ngadat mesthi babarji. Mila dereng wonten sawung sanes ingkang saged ngawonaken sawungipun Panji Kelaras.
                Kocap ingkang mindha  Sekartaji ing Jenggala , ugi sampunkagungan putra miyos kakung.Menika saya remen sanget datheng sawung , nanging remenipun dhateng sawung wau naming dipunaben kangge ngabotohan, ngantos piyambakipun ngedegaken kalangan aben sawung.Ingkang ndhatengi  utawi nglurug botoh-botoh aben sawung saking pundi-pundi panggenan.
                Panji kelarasklampah nglurug dhateng Jenggala. Wonten ing kalangan aben sawung ing negari Jenggala  sawungipun kluruk-kluruk :
                “blek-blek  kukuruyuk
                Jagone Cindhe Laras
                Ibune nusup alas
                Omahe payon klaras
                Bapakne neng Koripan”
                Sareng sami miring klurukipun sawug wau kathah tiyang saha lare-lare sami dhateng angrubung . Sawungipun Panji Klaras dados gumunan lajeng dipunpurugi putranipun Ratu Jenggala ingkang sinandhi, dipuntantang aben mawi toh kathah.Panji Klaras nyagahi  , nanging rehning boten gadhah toh , pramila menawi sawungipun kawon , jangganipunkemawon ingkang dipuntigas.
                Kalampahan sawungipun sami tarung , naming saweg sawatawis kabrukan sawungipun ingkang  sinandi kenging sinabet , pejah nyekungkung sarta lajeng dipunkluruki :
                “blek-blek kukuruyuk
                Jagone Cindhelaras
                Ibune nusup alas
                Omahe tengah alas
                Bapakne neng Koripan”
                Miring klurukipun sawung wau sakala putranipun ingkang sinandi sakalangkung  nepsu , nubruk Panji Kelaras dados kerengan, temahan putra Jenggala sinandi nemahi tiwas. Panji Kelaras enggal-enggal lumajeng mlebet wana.
                Kacarita ing kesatriyan Jenggala gegeran , Raden Putra sanget duka, lajeng nututi dhateng wana. Ing ngriku  pinanggih Panji Kelaras ingkang saweg lendhotan ingkang ibu. Raden Putra sinareng priksa boten kasamaran malih bilih menika sejatining Candrakirana, mila lajeng kaboyong kondur dalah putra dhateng Jenggala. Dene ingkang mindha Dewi Sekartaji nunten lolos nilar nagari Jenggala.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar