Selasa, 22 November 2011

HURUF JAWA


Aksara Jawa miturut dongeng Aji Saka anane dongeng Dora Sembada.
Hanacaraka  ateges ana utusan
data sawala ateges padha sulaya
padha jayanya ateges padha dene menange/ kuwate
maga bathanga ateges padha dadi bathang  / padha matine

menawa  miturut mula buka liya aksara jawa iku saka aksara dewanagari / Padha sampyuhe.
Filosofi yen nulis aksara jawa nggandhul garis karepe.
Garis iku pepesthene urip.
Uriping manungsa iku ing ngisore garis pepesthen  Gusti Allah.
Manungsa mung sadrema nglakoni, ala becik , tuna bathi , begja cilaka manungsa sadrema nglakoni sing bakal maringi putusan iku Gusti Allah.

Menawa nulis jawa iku miringe manengen, nduweni karep menawa manungsa ing donya iku kudu tansah laku nengen, aja laku ngiwa. Nengen tegese manut karo aturan kang bener,ing akherat mengko supaya munggah swarga.Yen ing donya supaya ora dadi fitnah ing masyarakat..
Laku ngiwa iku laku kang ora becik, mula  manungsa kang bener uripe mesthi kelakuane condhong nengen, ora condhong ngiwa.

Aksara jawa iku yen dipangku mati, mengku karep : yen wong jawa iku tansah diugung , mula  daya kreatifitase dadi mati.Ora mletik pikire sebab wis rumangsa apik, banjur ora gelem usaha kanggo kang luwih apik maneh. Iku kang njalari dadi mati kreatifitase.